Selasa, 07 Februari 2017

BLANGKON
Blangkon punika sajinising panutup sirah ing busana adat Jawi kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon punika sejatine wujud modhèren lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon diagem minangka pasangan karo busana beskap. Ing jaman kaya saiki blangkon ono ing masyarakat Jawi sampun mboten sering dipun ginakaken malih. Tuhladanipun woten ing kutha Yogyakarta khususe Gunung Kidul wis mulai ilang saking masyarakat. Blangkon ingkang sampun dados budaya warga Jawi, mulai kegiles kalian topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi.
Blangkon punika akeh jinising, jinising blangkon punika miturut adat sing ana ing papan panggonan tinamtu. Jinising blangkon yaiku:
1        Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
2        Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3        Blangkon Kedhu.
4        Blangkon Banyumas.
5        Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Saking jijinising blangkon ing dhuwur, blangkon bisa dikenal saking daerah miturut mondolan kang ana ing biruri blangkaon. Mondholan, yaiku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.

Ing pakiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke tambah katrok, kampungan, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Nalika yen awake dewe nganggo blangkon, padha wae awake dhewe wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng seng jenenge wong jowo ilang jawane.  Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta lan daerah-daerah sing ana ing Jawi netapke dino blangkon saben minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane

Senin, 06 Februari 2017

Bima Bungkus
       Ing Ngastina dhukaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire sang jabang bayi kang awujud bungkusan. Bayi sing arupa bungkusan mau ora isa di pecah, ora ana pusaka sing bisa kanggo mbedah  utawa mbukak bungkusan kuwi. Kurawa uga melu cawe-cawe arep mecah bungkus, sanadyan apa kang di lakokake Kurawa mung kanggo lelamisan. Akhire pikantuk wangsit bayi sing awujut kabungkus mau den bucal ing alas Krendawahan.
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi lan punakawan. “Kanjeng Eyang, kepriye nasibipun Kakang Bungkus, wis suwe banget nanging mboten wonten suraos utawa kabar ingkang sae, bab menika dadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”Eyaang.
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku nggeeer, Permadi. Mangertiya kakangmu nembe nglakoni karmane, besok bakale kakangmu Si Bungkus dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat. Ing Suralaya. Merga anane Si Bungkus mau gawe geger,  Batara Guru nimbali Gajahsena, Gajahsena mau putra sang batara kang awujud gajah, Gajahsena ditimbali kanggo mecah si bungkus saengga Si Bungkus dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi ngutus Dewi Umayi kanggo ngajar kawruh babagan kautaman marang Si Bungkus.
Saksampunipun peparing ajaran marang Si Bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka. Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus. Praptene Betara Narada. Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”.
“Ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratuning Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kanggo nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

Selasa, 24 Januari 2017

PERANGAN GAMELAN

PERANGAN GAMELAN
1.      Gendang/Kendhang

Gendang (bahasa melayu) utawa Kendhang ing bahasa Jawa digawe saka kulit kewan kayata sapi, kebo lan liya-liyane.
Kendhang salah satunggaling alat music kang penting krana kendhang dipun ginakaken ngatur irama. Cara ngginakaken Kendhang yaiku ditabuh kaliyan tangan tanpa nginakaken alat bantu.
Wonten tigang jenisin kendhang ingkang dipun ginakaken yaiku kendang ketipung, kendang ciblon/kebar. Lan ingkang kaping tiga kendang gedhe uatawa  kendang kalih.

2.      Peking, Saron dan Demung
Alat puniki duweni bilahan-bilahan kang disusun wonten ing bingkai kayu lan ana enam bilah wonten ugi ikang pitung bilah.  Kagunaan saking tigang alat punika yaiku dados resonator.
Cara ngginakaken  Instrumen punika yaiku ditabuh kaliyan migunakaken pemukul ingkang dipun damel kaliyan kayu.  Ingkang dipun tingali saking ukuran lan fungsinipun, instrumen iki duweni tigang jenis yaiku demung (alat sing paling gedhe), saron (berukuran sedang) dan, peking (sing paling cilik).

3.      Gong dan Kempul
Gong
Gong dipun ginakaken dados tanda awal lan akhir saking gendhing, mula gong punika menehi kaseimbangan wonten ing lirik gendhing ingkang dhawa.
Gong ana rong macem yaiku : gong ageng ( ukuranne rada gedhe) lan gong suwukan / gong siyem (ukurannya sedang utawa cilik saking gong ageng).
Kempul
Kempul uga duweni bentuk kaya Gong naming ukuranipun cilik-cilik.  Kempul duweni fungsi penanda aksen-aksen ingkang wigati ana ing sajroning ukara ing gendhing.  Wektu lagi nggending kempul dilakokake kaliyan nada ingkang pada karo nada balungan, ewadene kempul uga saged dhisiki  nada balungan.

4.      Bonang
Bonang ana rong jenis yaiku bonang barung lan bonang panerus. Sing bedakaken saking rong jenis boning mau yaiku ukuran lan cara migunakaken.
Bonang barung ukurane luwih gedhe saka bonang penerus lan beroktaf tengah nganthi oktaf kang dhuwur, bonang barung punika instrumen pambuka wonten ing ansambel, lan Bonang panerus ukurane luwih cilik nanging  oktaf nipun dhuwur, irama ingkang dipun asilaken kaliyan bonang panerus dua kali luwih cepat saking  bonang barong.

5.      Slenthem
Dipun tingngali saking bentukipun slenthem ugi kalebet jenis gender lan ugi sering disebut gender panembung.  nanging slenthem terdiri dari bilah-bilah padha akehe kaliyan bilah saron.  Yen dihubungaken kaliyan instrumen saron slenthem iki duweni oktaf paling cendhek.

6.       Kethuk dan Kenong
Dipun tingali saking bentuk kenong mirip kalian gong, nanging kenong ditata horisontal sing disusun ing dhuwur tali sing malang ana ing bingkai kayu.
Kethuk bentuk lan fungsine padha karo kenong nanging bentenipun yaiku saking irama wektu alat musik tradisional iki ditabuh.

7.      Gender
Gender menika terdiri saking bilahan metal kang ditata ana ing dhuwur tali  kaliyan bumbung-bumbung resonator.  Cara memainkan gender yaiku ditabuh kaliayan migunakaken alat sing bentuke bunder lan dilapisi kaliyan kain lang nduweni cekelan kang cendhek.   Kayadene boning, gender ugi ana rong jenis yaiku barung dan panerus.

8.      Gambang
Gambang terdiri dari bilahan-bilahan nanging bilahan kasebut saking kayu sing dibingkai padha gerobogan.  Bilahan ana ing gambang jumplahe 17-20 bilah,

9.      Rebab
Instrumen sing digawe saka rong kawat sing diregangkan ana ing selajur kayu sing duweni bentuk kaya ati sing ditutup kaliyan babad sapi.

10.  Siter
Siter kang sumber suara iramanya saking kawat sing cara maine dipetik. siter ana telung jenis yaiku, siter, siter penerus lan siter clempung.

11.  Suling
Suling digawe saka pring utawa paralon sing dibolongi kagem penentu utawa batas nada.  Cara migunakaken suling yaiku disebul utawa ditiup.  Suling ana rong jenis yaiku, suling slendro kang duwe 4 bolongan (lubang) sing jarak bolongane padha lan Suling Pelog duweni 5 bolongan (lubang) nanging jarak bolongane berbeda-beda.  Ana uga sing duweni 6 bolongan (lubang) lan fungsine padha kaliyan Suling Pelog dan juga Slendro.